Rabu, 07 Desember 2016

tugasku "bahasa jawa"



Judul                                     : "Jarene Aku Edan"
Tema                                     : penyesalan kang katerusan / getun katerusan, kelangan katresnan
Penokohan                         :
a.          Warni : nggunaake teknik dramatik,
Nduweni watak sabar, nekat, tresna/penyayang,
b.          Mbah Jinem : nggunaake teknik dramatik,
Nduweni watak apikan/becik, tlaten/sregep
c.           Tangga Teparo : nggunaake teknik dramatik,
Nduweni watak sirik lan mentala, sinis/ ala
d.          Bojone Warni : nggunaake teknik dramatik,
Nduweni watak sabar
e.          Anak-anak cacah 6 : nggunaake teknik dramatik,
Nduweni watak sabar

Latar                                      :
a)          Latar wektu : bengi, rabu, isuk
b)         Latar papan panggonan : kontrakan, rumah sakit, kuburan,omah
c)         Latar kahanan : sedih/sungkawa, wedi, seneng/ bahagya, nyesel/getun, bingung, kelaran/kesiksa, mlarat
Alur                                        : maju
Kulawarga tukang becak, ing kontrakan rupak adoh saka kecukupan. Warni, bojone tukang becak iku bakal duwe anak pitu. Warni ora bisa seneng, durung maneh lambe-lambe tipis sing nyinyir ngiris ati. Warni wis ngupaya ora duwe anak maneh, kabeh ramuwan dakombe Warni.
Dina setu, jam sepuluh bengi, Warni lairan ing ngomah dibiyantu mbah Jinem. Warni ngucap sukur amarga lair tanpa cacat nanging mripate ora bisa melek lan tangise arang banget. Wis ana limang dina durung melek lan tangise saya lirih. Sawise anake Warni biru kabeh lagi dakgawa menyang rumah sakit. Nanging Gusti wis ngersaake, mbarengi adzan subuh, anake Warni bali menyang pangayunaNe.
Aku dadi sarwa luput. Sedhihe atiku lan tangise Warni mbok menawa malah gawe guyune tangga teparo. Dina-dina sawise anake Warni mati, pikirane warni tansah dikebaki wewayangane. Gawe tamba kangen Warni dheprok ing kuburane anake. Kebagyane Warni karo anake ing kuburan, nanging wong-wong mesthi nggawa Warni mulih lan ngelingne. Klebu bojone Warni lan anak-anake sing cacah 6.
Akeh wong pinter sing dijaluki tulung nambani Warni. Amarga kebagyane Warni karo anake, Warni ora bisa daktambani. Manggon cedhak karo anake, Warni kebagyane saiki. Nalika wong iso ngeterake menyang papan kemau padha sungkawa, anak-anake Warni lan uga bojone ora bisa krungu, ora weruh Warni.
Amanat                                                :
1.          Kudu iso nerimo opo wae sing ditakdirake
2.          Ojo getun marang sing wis ora enek
3.          Getun bakal tibo mburi
4.          Kesadharan iku tekane mesthi telat
5.          Dadi wong ojo rumangsa pinter



Nama    : Susi Susanti
No.ab    : 32
Kelas     : XII-TKJ2