Judul :
"Jarene Aku Edan"
Tema :
penyesalan kang katerusan / getun katerusan, kelangan katresnan
Penokohan :
a.
Warni : nggunaake teknik
dramatik,
Nduweni watak
sabar, nekat, tresna/penyayang,
b.
Mbah Jinem : nggunaake
teknik dramatik,
Nduweni watak
apikan/becik, tlaten/sregep
c.
Tangga Teparo : nggunaake
teknik dramatik,
Nduweni watak
sirik lan mentala, sinis/ ala
d.
Bojone Warni : nggunaake
teknik dramatik,
Nduweni watak
sabar
e.
Anak-anak cacah 6 :
nggunaake teknik dramatik,
Nduweni watak
sabar
Latar :
a)
Latar wektu : bengi, rabu,
isuk
b)
Latar papan panggonan :
kontrakan, rumah sakit, kuburan,omah
c)
Latar kahanan :
sedih/sungkawa, wedi, seneng/ bahagya, nyesel/getun, bingung, kelaran/kesiksa,
mlarat
Alur :
maju
Kulawarga tukang becak, ing
kontrakan rupak adoh saka kecukupan. Warni, bojone tukang becak iku bakal duwe
anak pitu. Warni ora bisa seneng, durung maneh lambe-lambe tipis sing nyinyir
ngiris ati. Warni wis ngupaya ora duwe anak maneh, kabeh ramuwan dakombe Warni.
Dina setu, jam sepuluh bengi, Warni
lairan ing ngomah dibiyantu mbah Jinem. Warni ngucap sukur amarga lair tanpa
cacat nanging mripate ora bisa melek lan tangise arang banget. Wis ana limang
dina durung melek lan tangise saya lirih. Sawise anake Warni biru kabeh lagi
dakgawa menyang rumah sakit. Nanging Gusti wis ngersaake, mbarengi adzan subuh,
anake Warni bali menyang pangayunaNe.
Aku dadi sarwa luput. Sedhihe atiku
lan tangise Warni mbok menawa malah gawe guyune tangga teparo. Dina-dina sawise
anake Warni mati, pikirane warni tansah dikebaki wewayangane. Gawe tamba kangen
Warni dheprok ing kuburane anake. Kebagyane Warni karo anake ing kuburan,
nanging wong-wong mesthi nggawa Warni mulih lan ngelingne. Klebu bojone Warni
lan anak-anake sing cacah 6.
Akeh wong pinter sing dijaluki
tulung nambani Warni. Amarga kebagyane Warni karo anake, Warni ora bisa
daktambani. Manggon cedhak karo anake, Warni kebagyane saiki. Nalika wong iso
ngeterake menyang papan kemau padha sungkawa, anak-anake Warni lan uga bojone
ora bisa krungu, ora weruh Warni.
Amanat :
1.
Kudu iso nerimo opo wae
sing ditakdirake
2.
Ojo getun marang sing wis
ora enek
3.
Getun bakal tibo mburi
4.
Kesadharan iku tekane
mesthi telat
5.
Dadi wong ojo rumangsa
pinter
Nama : Susi Susanti
No.ab : 32
Kelas : XII-TKJ2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar